Friday, Mar 29

Donasi Anda

Pengobatan Rekomendasine Nabi 2 Featured

Racikan alamiah iki antarane jamu, saka tetuwuhan alam, detoksifikasi nggunakake piranti khusus, detoksifikasi nggunakake lintah, akupuntur lan liya liyane. Salah sawijining cara yaiku kanthi sedot getih.

Saben dina ragane manungsa dadi papan tandhon zat-zat toxin utawa racun. Bisa dipesthekake panganan sing di pangan saben dina ngandhut salah sawijine zat-zat toksin, pewarna, pengawet, penyedhap rasa, sisa-sisa pestisida, zat-zat kimia, lan akibat anane polusi udara, lemah lan banyu.

Kejaba kuwi, pikiran lan emosi negatip bisa ndadekake racun ing ragane manungsa. Racun sing ana jroning ragane manungsa kuwi dumadi akibat saka panyedhote nutrisi ora bisa maksimal, merga fungsi organ keganggu maneka warna lelara. Akibat saka tumpukan reregede raga mau, kudu ditawu amrih panyaringe racun liwat lever, ginjal, usus gedhe bisa dadi luwih lancar.

Olahraga durung bisa njamin zat-zat toxin satus persen metu kanthi liwat kringet, banyu uyuh lan buang air besar. Apa maneh sing babar pisan ora tau olahraga, tumpukan toksin lan zat-zat kimia jroning raga bisa ngganggu nyambut gawene raga.

Terapi oksidan, yaiku terapi sing nggunakake cara alami, kanthi nggunakake alat tinamtu kanggo ngisep rereged jroning raga kanthi liwat operasi cilik bedhah kulit.

"ORT Centre, menika salah satunggaling pusat terapi pengobatan mliginipun kangge penyakit hepatitis, tekanan darah rendah (hipotensi), jerawat, (diabetes: ketoasidosis diabetik, koma hiperosmolar diabetik nonketotik, asidosis asam laktat, hiploglikemia), asma bronchial, kadar LDL lan trigleserida ingkang inggil salebeting darah, sarta maneka warni lelara saluran kemih, lan stroke," pratelane Candra, rikala silaturahmi ing Redaksi Djaka Lodang, wektu kepungkur.

Pengobatan cara iki wis ditindakake ana ing saindening nusantara, digiarake lumantar televisi, lan media cetak. Ing antarane yaiku Jelang Siang Trans TV 25 Januari 2006, Klinik unik Bersama Bengkel Manusia. Goodmorning Special Weekend ing TransTV (Setu, 1 Juli 2006) jam 9.30-9.45 WIB, headlinews Metro TV, 27 Januari 2006.

Wis dipacak uga ing ariwarti, Republika, Seputar Indonesia, Tabloid Ibu dan Anak, Tribun Pekanbaru, Koran Posmetro, lan liya-liyane, sing kabehe wis ana 40 liputan klebu Djaka Lodang.

Pasien sing krasa lara bisa mara ing klinik terapi oksidan, ing kono sawise ndhaftarake banjur diwenehi katerangan babagan tata carane nambani. Nuli pasien dicek tekanan darahe, yen pasien wis tau nindakake cek ing laboratorium utawa dhokter, adate nuduhake cathetan saka laboratorium. Sabanjure diadani terapi, nemtokake titik terapi sing bakal ditindakake.

Ing ruang papriksan, pasien bisa tungguh utawa teturon mengkurep. Dene alat sing digunakake yaiku cupping, peso bedhah sing seteril, kasa steril, alkohol 70 persen (antiseptic), kaos tangan utawa hand glove, masker panutupe rai (face masker), pin, jepit kasa seteril, lan keranjang uwuh.

Titik -titik sing bakal diterapi, diresiki kanthi nggunakake alkohol lan diwenehi obat antiseptik, sawise kuwi lagi dikop (cupping) sing suwene 2-3 menit. Sawise kuwi, dibukak banjur thukul benjolan sing atos, nuli diberek ora kena punjul saka 0,09 mm lan dawane 4 mm.

Nuli disedhot maneh suwene 3 menit, mula bakal metu oksidan sing rupane abang semu, sing ora mambu. Pangisepe ing titik kono mau kaping bola-bali, nganti ora ngetokake apa-apa. Sawise proses rampung, dileleti antiseptik.

Perlu diemut, yen anggone mberek, luwih saka 0,09 mm bakal ndadekake suwek ing perangan pembuluh darah, sing bisa ngetokakae cairan-cairan getih, sing kudune ora kena metu (protein darah). Asil bedhah ing lapisan kulit mau mbuang zat histamin.

Sasuwene proses hipersensivitas, kejaba histamine uga diwetokake autakoid kayata serotonin, plasmakinin, lan Show Reacting Sub-stance (SRS). Histamin nuwuhake anafilaksis, pruritus, utikaria, angiodema lan hipotensi, dene kolaps vaskuler dumadi jalaran anane bronkospasme dening SRS. Proses metune histamin, yaiku ngetokake zat-zat kimia sing nuwuhake rusake jaringan.

Ana maneka warna zat sing sing winates mast cell, zat mau yaiku enzim kimotripsin, fosolipase lan tripsin. Ana uga maneka warna active agents, detergen, garam empedu, lan lisolesitin, racun endotoksin, basic polypeptides lan extract jaringan. Uga zat berat molekul tinggi, kayata avomukoid, zimosan, serum jaran lan polivinilpirolidon.

Dene sing mbentuk basa yaiku kayata morfin, kodein, mepericin, stilbamidin, dimetiltubo kurarin, dtubokurarin. Kanggo terapi paseien sabanjure, bisa dijupuk saka titik-titik sing padha, sethithike 10 dina, sawise terapi sing sepisanan, kanggo titik-titik liyane biasa dijupuk sawise 3x24 jam sawise.

Saben piranti sing digunakake kanggo pasien, alat kudu dikumbah banyu (kran banyu sing mili) lan diseterilake kanthi nggunakake zat-zat antiseptik. Mligi kanggo sarung tangan, peso, kasa seteril mung digunakake ping pisan. Dene kanggo terapi sabanjure, utawa pasien liya, ganti sing anyar. (Rini Widayati/Djaka Lodhang)

Tempat Bekam Batam Bengkel Manusia

Pengobatan Diabetes, Ginjal, Jantung & Medis Lainnya | Pengobatan Non Medis: Gangguan SIHIR, IBLIS, JIN, SETAN, AL 'AIN, BLACK MAGIC Klik: www.ruqyah.or.id | Klik: Daftar Pasien Online | Call (+62) 813-2871-2147 Email: info[at]bekam.or.id | Office: Town House Anggrek Sari Blok G-2 Kel. Taman Baloi Kec. Batam Kota, Batam, Indonesia, 29463 | Lokasi Klik: https://maps.app.goo.gl/dV9S2Np2WCPZDnte9 | Branch Head: Jakarta, Bogor, Depok, Tangerang, Bekasi | Melayani Panggilan Antarkota, Dalam & Luar Provinsi, Luar Negeri | Baca Ulasan: Bekam Jarum Menyelisihi Dalil | Di Sini Penjelasan: Bekam Itu Sayatan dan Bukan Tusukan | Kata mereka setelah bekam (ruqyah) di Bengkel Manusia Indonesia klik di sini: https://www.bekam.or.id/kata-mereka.html  | Ingin menyalurkan damzakat malhadiahinfaksedekahhibahnazarriba atau selainnya, Anda bisa menitipkannya melalui rekening BCA 579-0159-154 atau kunjungi Yayasan An Nubuwwah Batam

Agenda Jurnalistik

Map Location